Menyang kontèn

Lagak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lagak, génré, utawa ragam yaiku samubarang gaya utawa wujuding pariwicara ing manéka rupa (tulisan, caturan, dhigital, kagunan, lsp) kanthi mawa sarujukan dening masarakat sing kawangun salawas mangsa.[1] Ing piguna kondhang, lagak umumé medhar pepanthaning sastra, musik, utawa wujud kagunan lan klangenan liya birid sawetara pathokan gaya, kaya ing lagak sastra, lagak filèm, lagak musik, lagak komik, lan sapanunggalané.[2] Asringé, sawijiné karya lumebu ing pirang-pirang lagak amarga piguna lan nggabungaké lagak-lagak sing ana. Karya-karya saben wong wis mesthi ndarbé gaya déwé-déwé. Nanging lagak yaiku gaya saka gamblokaning karya-karya kasebut birid sarujuké masarakat akeh. Sawetara lagak bisa ndarbé pakem sing kaku, déné lagak liya bisa ndarbé pakem luwih luwes. Piguna lagak sing trep lan bener wigati murih desana ing sawijiné karya bisa kasil katur marang pamirsa, pamaca, parungu, lsp.

Rerembugan wigati babagan lagak menawa diwiwiti saka anané tata pepanthan kanggo sastra Yunani kuna, kaya sing kapacak ing Poetics karya Aristoteles. [3] Kanggo Aristoteles, geguritan (ode, wiracarita, lsp), gancaran, lan pagelaran, saben karya kuwi ndarbè sipat tartamtu sing cocog sajeroné sawijiné lagak. Tuladhané, lakon-lakon ing crita banyolan mesthi ora cocog kanggo crita tragedi. Malah, ing jaman biyen para juru paraga diwatesi mung kanggo dadi paraga ing lagak tartamtu amarga anané anggepan wong tartamtu paling cocog kanggo jinis crita tartamtu.Kawruh sing nyinaoni babagan lagak diarani kaji génré (utawa téyori génré).

Lagak-lagak iki banjur sumebar lan ngrembaka ngluwihi pepanthaning Aristoteles, amarga malihé apa sing didemeni pamirsa lan apa sing dipingini pangarya.[4] Lagak wis dadi piranti kanggo masarakat nyumurupi apa karep saka sawijiné karya. Amarga kagunan asringé minangka tanggapan saka kahanan masarakat, ing ngendi wong sing nulis, nyungging, nembang, mbeksa, lan liya-liyané ngasilaké kagunan marang apa sing dimangertèni, lagak minangka piranti kudu tansah bisa cocog marang owah-owahing makna lan karepé manungsa.

  1. Devitt, Amy J. (2015), Heilker, Paul; Vandenberg, Peter (èd.), "Genre", Keywords in Writing Studies, Utah State University Press, kc. 82–87, doi:10.7330/9780874219746.c017, ISBN 978-0-87421-974-6, diarsip saka sing asli ing 2020-11-30, dibukak ing 2021-02-04
  2. Miller, Carolyn R. (1984). ""Genre as Social Action"". Quarterly Journal of Speech. 70 (2): 151–167. doi:10.1080/00335638409383686.
  3. Aristotle (2000), Butcher, S. H. (èd.), Poetics, Internet Classics Archive, diarsip saka sing asli ing 2014-12-29, dibukak ing 2021-04-27
  4. Todorov, Tzvetan (1976), ""The Origins of Genre"", New Literary History, vol. 8, no. 1, kc. 159–170, doi:10.2307/468619, JSTOR 468619